Mawar
lan Melati
Paraga :
1.
Estri Indah Komala dados Melati
2.
Lisa Arista dados Mawar
3.
Riska Mei Laraswati dados Ibune
Mawar
4.
Angga al Furqen Y dados Al
5.
Priyo Nur Cahyo dados Narator
lan Cahyo
Melati
inggih punika lare ingkang sampun mboten gadhah ibu sesampunipun ibu melati
seda.Bapak melati mantenan malih kaliyan tiyang ingkang sampun gadhah lare.
Lare punika asmanipun mawar. Mboten dangu sesampunipun mantenan, Bapakipun
melati seda amargi gerah. Sawijining dinten wayah enjing, melati saweg nyapun
wonten ngajeng griyo…
Mawar : Melati … melati … koe nang ngendi ?iki
lho setrikakna klambiku, cepet ngneh …!!!
Melati
mboten miren, teras mawar madosi wonten ngajeng griya ….
Mawar :
Ooo … koe nang kene !!tak undang-undang kawit mau kok ora semaur
Melati:
Ngapurane mawar, aku ora krungu, aku lagi nyapu …
Mawar : Laaah …. Alesan bae masa ora krungu tek
undang seru kawit mau ra krungu …
Ibu : Ana apa kiye, kok esuk-esuk wis pada ribut ?
Mawar : Niki lho bu, melati kula timbali kawit
wau mboten mireng …
Ibu : Ooo berarti koe saiki wis ora ngajeni mbakyumu. Di undang
bola bali kok ora gelem marani …!!!
Melati : Mboten kados niku bu, kula panci mboten
mireng amargi kula saweg nyapu bu ..
Mawar : Alesan niku bu, wau kula ningali melati
mboten saweg nyapu kok bu ..
Ibu : Wis, wis melati ..!! saiki koe
nganah menyang pasar .. kiye duit 10 ewu.
Tukokna
daging, sayuran, karo buah-buahan. Aja kesuen ya, cepet …!!!
Melati : Niki artanipun inggih kirang bu kangge
tumbas daging, sayuran kaliyan
buah-buahan.
Ibu : ya di cukup-cukupna, di tawar apa
kepriwe. Wis nganah cepet …!!!
Mawar : O iya aja kelalen tes pasar, rampung
masak langsung nyetrikakna klambiku yaa …
Melati : Nggih
…
Melati lajeng
tindak peken, wonten margi melati benget
menawi arta nipun kirang sanget anggenipun tumbas. Ajeng dugi peken melati
ningali dompet wonten margi
Melati : lha niki dompete sinten ???( melati
kaliyan mbikak isi wonten dompet )
Melati wonten penggalih ajeng mundut arta
ingkang dompet punika kangge nambahi artanipun ingkang kirang, nanging mboten
sios. Lajeng melati ningali foto wonten dompet. Melati wonten niatan ajeng mangsulaken
dompet punika. Lajeng melati nerasaken mlampah malih wonten peken. Sawegipun
ngenyang, melati ningali
tiyang ingkang mirip kaliyan foto ingkang dompet.
Melati : kaya tau weruh … ooh wong sing nang foto
.. (wonten penggalih)
Melati lajeng madosi tiyang wau ingkang
gadhah dompet
Melati : nuwun sewu mas, niki dompet sae pu nopo kagunganipun
panjenengan ???
Al :
ooh nggih mba … kula wonten mriki saweg madosi dompet kula ingkang ical …
Melati : nggih niki dompetipun panjenengan
..monggo mas .. (kaliyan maringaken dompet)
Al :
nggih matur nuwun mba .. (kaliyan nampi dompet saking melati)
Melati : nggih sami-sami mas, nyuwun ngapunten mas
kula tilar rumiyin nggih. Kula saweg di pun dhawuhi ibu supados enggal-enggal
.. (kaliyan mlampah ninggal al)
Al :
mangke rumiyin mba. Anggenipun raos matur nuwun kula kepripun ?? Anggenipun
peken kula bayaraken sedaya nggeh ??
Melati : mboten mas, matur suwun sanget
Al :
mboten napa-napa mba. Kula badhe mbales budi mawon kalih panjenengan
Pungkasanipun melati nrimo tawaran
punika siosipun melati saged tumbas ingkang ibu pesen wau.Lajeng melati di pun
eteraken wangsul dugi ngajeng griya. Wonten margi.
Al :
dalemipun panjenegan wonten pundi nggih mba ??
Melati : wonten dusun palaga mas, niku sakedhap
malih dugi.
Al : oh nggih … kesupen, kawit wau kula
dereng mangertos asmanipun panjengengan mba, kula al furqen panjengan sinten ??
Melati : kula melati, niku ingkang nyupiri wonten
ngajeng rencange mas al napa pripun ..?mboten kraos niki sampun dugi ngajeng
griyo kula. Napa badhe mampir rumiyin mas ?
Al :
nggeh mba niku supire kula namine cahyo, mboten matur suwun melati, kula
terasan mawon, gampil mbenjang kepanggih malih.
Melati : ohhh nggih pun menawi kados niku, matur
suwun sampun ngeteraken kula dugi mriki nggeh mas ..
Al :
nggih sami-sami, kula pamit rumiyin nggeh melati
Melati : nggih … ngatos-atos mas
Al :
nggih
Wonten
griya mawar ningali menawi melati dipuneteraken tiyang kakung ingkang gagah
sanget. Teras mawar sanjang kalih ibune.
Mawar : bu niku melati dipuneteraken lare kakung
ingkang gagah
Ibu :
endi wonge ..?
Mawar : niku bu wonten ngajeng
Ibu :
prentah kon mlebu wae.
Mawar
: mas ampun keseso, mlebet rumiyin
mriki … (kalih mesem-mesem)
Al
: mboten lah mba matur suwun.
Mawar : melati mlebu rana koe, koe uis di goleti
nang ibu …
Melati : nggeh mba …
Mawar : ya wis
rana mlebu aja kesuen nang njaba, setrikakna klambiku sekalian yaa ….
Melati : nggeh … (kalih mlampah mlebet wonten
nggriya)
Al
: lho kok panjenengan kados niku kalih melati mba ??panjengenan sintene
melati ?
Mawar : kula majikanne melati mas, melati wonten
mriki naming dados pembantu.
Al :
lah napa nggih
mba ??melati niku kan tiyange sae kalih ayu napa dados pembantu , nggeh mboten
pantes lah mba …
Mawar : sampun
mas mboten usah di bahas malih mas, monggo mlebet mas sekalian kenalan kalih
ibunipun kula
Al : nggeh monggo mba
Mawar : niki lho bu lare kakung ingkang
ngeteraken melati wau saking pasar
Ibu :
ngeneh mas njagong, melati ngneh koe ..
Al :
nggeh bu
Melati : wonten napa bu nimbali kula ??
Ibu :
gawekna wedang kanggo mas-mas iki
Melati : nggeh bu, badhe ngunjuk napa panjenengan
mas ?
Al :
teh mawon nggeh,
mboten napa-napa mba
Melati : nggeh mas
Ibu :
jeneng mu sapa le
?
Al
: naminipun
kula al furqen bu
Ibu :
niki anak ku, jenenge mawar
Al : ohh kados ngaten bu, lah teras melati
niku mbakyunipun
menapa rayinipun mawarbu??
Ibu :
udu le melati kui pembantu
nang kene, anak ku mung siji yaiku mawar
Melati : niki unjukanannipun bu (kalih kaget mireng
ngendikanipun ibu)
Cahyo : mas nyuwun pangapunten, wau bapak sampun
nelfon menawi bapak madosi mas al di aturi kondur wonten nggriya …
Al :
ya yo sedela maning ya, kula ngumbe,wedang
disit
Cahyo
: nggeh mas kula tenggo wonten njawi mawon nggeh
Al :
ya yo … (kalih mundut cangkir isine wedang teh) …. Nggeh sampun bu, kula pamit
rumiyin nggeh sampun sonten, matur nuwun sanget unjukannipun
Ibu
: ya, ngesuk ngeneh maning ya
sekalian sengi mawar jalan-jalan.
Al :
nggih bu ...
Teras saksampunipun al medal saking
nggriyanipun melati. Wonten margi cahyo tanglet kaliyan mas al.
Cahyo : niku wau sinten mas ?
Al :
sing ndi toh yo ?
Cahyo
: niku wau ingkang mas al
eteraken saking peken ?
Al :
ohh kui toh, kui melati yo ..
Cahyo
: lah teras wau ingkang murugi mas al wekdal ajeng kondur sinten
?kaliyan tiang estri wau ingkang wonten lebet nggiya sinten ?
Al :
ohh kae kui mawar karo ibune
Cahyo : lah melati kalih mawar niku larene saking
ibu niku sedaya menapa pripun ??
Al :
jarene ibune, mawar tok sing anake tapi aku uga ora percaya
Cahyo : kenging napa mboten percaya mas ??
Al :
ya ra percaya wae karo omongane ibune mau
Cahyo : menapa panjenengan tresna kaliyan salah
setunggal saking melati napa mawar mas ?
Al :
naah … aku ndue rasa karo melati yo.
Tapi ibune ora seneng nek aku edek karo melati, ibune kui mau malah prentah aku
kon karo mawar wae
Cahyo : ohh kados ngaten toh mas
Ing salah sawijining dinten al tindak
wonten nggriyane melati. Al gadah wacana utawa niatan badhe ngajak melati
mlampah-mlampah kaliyan pados rasukan
ingkang sae kagem melati. Nanging wekdal dugi wonten nggriyanipun melati, al
ndodok lawang nggriya mboten wonten tiyang ingkang mbikak lawang niku.
Al : assalamu’alaikum …
Nalika al mlampah wonten wingking al mirsani
klakuanipun mawar kaliyan ibune pas nyiksa melati. Melati di leboknamarang
gudang lajeng lawange di kunci saking njawi.
Ibu :
melati, koe kue ra pantes seneng karo al … sing pantes karo al kue mung mawar
Mawar : krungu ra koe, sing pantes kro al kue aku
udu koe, aku kue lewih ayu ketimbang koe ..
Melati : nggih mbaa … mba bikak lawange kula ajrih
wonten mriki ..bikak mba, bikak …(nangis kalih nggedor2 lawang)
Ibu : wis
koe nang kono wae, panggonan kang pas kanggo koe kue nang kono
Mawar : wis aja brisik koe, meneng … arep koe
brisik karo njaluk tulung ya ora ana sing bisa nulungi koe saka kono ..
Melati : buuuu … kula ajrih sanget wonten mriki ,
bikak bu .. bikak … (karo nangis)
Ibu :
isa meneng ra koe … nek ra iso meneng tak siksa koe …. ( karo kesuh). Ya koe ulih metu tapi aja edek-edek
karo al (kro mbukak lawing)
Melati : ampun bu.. ampuun..
Mawar
: Koe ora usah kemayu,aku siki ya bisa ngusir koe.
Ibu : Hartane Bapakmu wis go aku karo mbakyumu
kabeh.
Melati
: Lha kok kados niku bu ? Kan kula sampun mboten ajeng caket malih kaliyan mas
al.
Ibu : Nek koe tesih nang kene, koe kue ganggu
hubungane al karo mawar.
Mawar
: Nggih leres bu, usir mawon.
Al : Ora usah nglakokna kui! Melati ora
salah, aku kue seneng melati udu kowe mawar !
Melati
: Mas al...... (karo nangis amarga seneng)
Mawar
: Nek mas al mboten purun kaliyan kulo melati tak usir.
Al : Ora usah diusir, melati arep urip karo
aku.
Ibu : Ora bisa koe kudu karo mawar.
Mawar
: Panjenengan kudu kaliyan kulo mas al.
Al : Ora bisa,
aku senenge kur karo melati (nggeret melati kaliyan ninggalaken mawar kaliyan
ibu)
Melati
: Nggih mas. Mba, ibu ngapuntenipun nggih kula nilaraken panjenengan sedaya.
Pungkasanipun saged bebas saka ibu
kaliyan mbakyu tirinipun ingkang kejem. Sawijining dinten mantenan kaliyan Al
lan gesang bungah dados keluarga sakinah, mawadah, warahmah lan gadhah momongan
2, jaler lan estri.
No comments:
Post a Comment